Sunday 22 March 2015

Materi Bahasa Jawa Kelas XI

Wawanrembug : rembugan antarane wong siji kang minangka wong sing takon karo wong sijine sing minangka paran pitakonan, kanthi pangajab bisa oleh katerangan saka wong sing minangka paranpara kasebut

Wawanrembug nggatekake : apa sing ditakokake, sapa bae sing nindakake wawanrembug, kapan anggone nindakake, papane ana ngendi, apa wae asile wawanrembug

Wawanrembug nindakake : nyandhang nganggo sing sopan, polatane kang grapyak semanak, nganggo basa kang sopan lan miturut ungguh-ungguh basa, miwiti kanthi salam, pitakon kang mbutuhake katrangan, dudu asipat jajal kawruhe paranpara, aja menehi pitakon kang wangsulane “iya” utawa “ora”, pungkasi wawancara ngaturake panuwun marang paranpara

Seminar : patemonan kanggo ngrembug sawijining perkara lan kapimpin dening ahli. tata kramane basa aja dilalekake, kudu nganggo basa kang baku.

Paraga seminar : panitia panyelenggara, moderator, pemakalah, pemakalah pembandhing, panambat/notulen, pengamat

Seminar gatekake : makalah jumbuh karo jumlahing peserta seminar, papan kang murakabi, panyora swara kang mumpuni, katrampilan nganggo basa, mangerteni informasi kang dipratelakake narasumber, omben lan panganan nyukupi kanggo kabeh para pasarta, kaslametan para pasarta seminar dijaga, kasarasane para pasarta seminar dijaga, sertifikat kanggo para pasarta seminar

Pawarta : pratelane prastawa kang wus rinacik kanthi maneka warna, satemah patut dimangerteni dening wong akeh kanthi dhasar kang bener lan tanggung jawab

Syarate pawarta : faktane ora diwolak walik, nyaritakake samubaring kanthi komplit/pepak

Sifat pawarta : narik kawigaten, nuwuhake greget, aweh katerangan

Maca pawarta gatekake : Pamacane cetha, pocapane pas., Tandha waca : titik, koma, lan liyane kudu trep panggone

Pratelan/Sambung Rapete pawarta : what : apa sambungrapate karo isine pawarta, who : sapa sambungrapate karo wong, where : ing ngendi, sambungrapate karo papan panggonane, When : dhek kapan, sambungrapate karo wektu kedadeyan, why : kenapa, magepokan karo jalaran, alesan anane kadadeyan iku, how : kepriye, sambungrapate karo akibat saka kedadeyan iku

Tembung aran : tembung kang mratelakake jenenge barang

Tembung aran katon : tembung aran kang bisa kanyatakake dening pancadriya (bisa dilihat kasat mata) pari, pasir, lintang, tangan

Tembung aran tan katon : tembung aran kang ora bisa kanyatakake dening pancadriya. Kabudayan, ngelmu, kapinteran, bab, tembung, swasana

Tembung kriya : tembung kang mratelakake solah bawa utawa tandang gawe

Kriya tanduk : kang jejere dadi paraga kang nindakake sawijining pakaryan (melakukan kegiatan) . Mlumpat, nulis, jawil, nyapu, nganthi.

Kriya tanduk mawa lesan : tembung kriya kang tansah mbutuhake lesan. Nyabeti, nulis, ngantemi

Kriya tanduk tanpa lesan : Tembung kriya kang ora mbutuhake lesan. Njarag, ngguyu, melet, mesem, mangetan

Kriya tanggap : jejer ing ukara tanggap tansah dadi sasaran sawijining pakaryan. Katutup disaponi, ketabrak, sinebut, dakgawa, kokbalangake

Tembung watak : tembung sing mratelakake sesipatan utawa kaanane barang. Boyok pegel, arum ayu, irung mbangir
Gegayutan tembung watak :
  1. Sdrasa (rasa enem warna)
·      Pandulu : asri, endah
·      Pangambu : wangi, arum, bacin, bangir, badhek, prengus, tengik
·      Pangrungu : seru, blero, budhek
·      Pangenyam : enak, gurih, summer, asin, legi, kecut, pedhes
·      Panggrayang : alus, kasar, gronjal, empuk
·      Ati : bungah, susah, ayem, gelo, murka, lega
  1. Warna : abang, putih, ijo
  2. Wangun : kothak, bunder
  3. Reregan : murah, larang
  4. Ukuran : amba, ciyut, gedhe, cilik, kuru, lemu, jembar
  5. Panganan : mateng, mentah, bosok, kemampo, mambu
  6. Bebuden : andhap-asor, sabar, gemati, semanak,
  7. Mripat : blalak-blalak, sithip, sipit, kero, picek, menthol
  8. Pikiran : pinter, bodho
  9. Polatan : sumringah, suntrut
  10. Tetembungan : sora, sereng, banter, galak, lantang
Tembung katrangan : tembung kang aweh katrangan marang tembung liya. Bisa, pancen, nembe, saestu, ora, radi, isih.

Tembung sesulih : tembung kang digunakake sesulih uwong, barang, utawa apa bae kang dianggep barang.
a)      Sesulih purusa : (k.g orang)
b)     Sesulih pandarbe (k.g kepemilikan) . Gendhakanmu, tikunganmu, gonamu
c)      Sesulih panuduh : (k.g penunjuk) . Kuwi, kae, kana, ngene, ngana
d)     Sesulih pitakon : (k.g Tanya) . apa, sapa, ngapa
e)      Sesulih  panyilah (k.g penghubung/konjungsi) sing, kang, ingkang
f)       Sesulih sadhengah (k.g tak tentu) sawijining, sapa bae, sapa-sapa, saben wong, salah siji

Wacana Eksposisi (andharan) yaiku wacana sing isi andharan pikiran utawa panemu kanggo njembarake wawasan utawa kawruge wong liya utawa sing padha maca.

Tujuwan eksposisi : kanggo njembarake wawasan lan kawruhe wong

Tembung wilangan yaiku tembung kang mratelakake gunggunge barang.
a)      Wilangan babon/wilangan wutuh, yaiku: 0-9
b)      Wilangan susun : Wilangan iki kanggo ngandhakake urutaning jumlah. kapisan, kaping pitu, kaenem, kaping sangan
c)      Wilangan pecahan : Wilangan kang gunggunge ora nganthi siji. seprapat (seprasekawan), siji telung prapat (loro kurang seprapat)
d)      Tembung panggandheng : tembung kanggo nggandhengake ukara liyane murih ukara dadi dawa. tinimbang, nadyan, wiwit, ning, kanthi
e)      Tembung ancer-ancer : tembung kang gunane kanggo ngancer-anceri papan utawa ngancer-anceri tembung aran. supaya, kaya, kanggo, ing
f)       Tembung panyilah : tembung kang dinggo nyilahake patrap, barang, utawa ssawijining bab. sang,sri, ingkang, sing, kang, lan para.
g)      Tembung panyeru : tembung kang nggambarake wedharing rasa seneng, kaget, kuciwa, kagelan, susah, lan gumun. lha, lho, o, hore, wah, duh.

Tembang tengahan (sekar tengahan) : ST. Pranasmara-Juru demong, ST. Pangajabsih-Girisa, ST. Palugon-Wirangrong, ST. Kuswaraga

Tembang Cilik (Sekar alit) : Tembang macapat, tembang dolanan.

Tembang Gedhe (Sekar Ageng) : SA. Kusumastuti, SA. Citramengang, SA. Kumudasmawa, SA. Pamularsih, SA. Tepikawuri.

Gunane Sekar Ageng : Suluk pedhalangan, kanggo mbawani gendhing

Tandha-tandha tembang macapat : nganggo patokan (paugeran) guru wilangan, g. lagu, g. gatra,, biasane nganggo basa jawa anyar, bisa madeg dhewe tanpa iringan gendhing

Gunane tembung macapat :kasustran jaman saiki, bawa utawa nggerongi gendhing, ngarang kapustakan jawi, lagu kethoprak lan wayang wong, parikan lan dhagelan

Laras : rasaning swara thinthingane gamelan ana rong laras yaiku laras slendro lan laras pelog

Pathet : ukuran endhek dhuwuring swara kang kanggo lelagoning gendhing
Pathet L. Slendro : P. Nenem, P. Sanga, P. Menyura
Pathet L. Pelog : P. Lima, P. Nem, P. Barang

Cakepan : tetembungan utawa unen-unen kang kanggo ana ing tembang

Unsur-unsur lelagon campursari:
  1. Tema: dhasaring prakara kang dikrembakake dadi cakepan lelagon
  2. Diksi: tembung-tembung sing wus pinilih
  3. Rima: unen-unen kang dibolan-baleni
  4. Amanat: tuntunan lan pituduh kang sinandi ana ing njeroning lelagon.
Geguritan: salah sijining sastra jawa awujud puisi

Unsur intrinsic geguritan: tema, rima, gambaran pangindran, amanat.

Tema: inti prakara kang diangkat ing geguritan

Rima: unen-unen kang dibolan-baleni andadekake geguritan katon nduweni irama

Manut unine, rima kaperang dadi rima asonansi lan rima aliterasi

Yen sing dibaleni kuwi kalebu unen-unen urip (vocal=a,I,u,e,o) kagolong rima asonansi

Rima aliterasi: yen sing dibaleni saliyane vocal

Rima asonansi kanggo mbentuk kahanan sing biyasane teratur, ajeg, lan nyenengake

Rima aliterasi biyasane gawe kahanan sing dicritakake ana ing geguritan katon ora ngepenakake ati/serem/susah

Paugeran geguritan: guru gatra, guru lagu, guru wilangan

Guru gatra: jumlahe larik ana ing saben pada (bait)

Guru lagu: tibane dhong-dhing (bunyi vocal akhir) saben larike

Guru wilangan: cacahe suku kata ing saben larike

Nulis geguritan: nemotakake tema, gawe cengkorongan isining geguritan saben padane, ngrakit geguritan kanthi migatekake basa-basa endah/rinengga

Ukara sambawa: ukara sing wasesane nganggo panambang a, na, la nana kang ora tegese prentah nanging nduweni teges sanajan, umpama, pangarep-arep lan mokal

Umpama: mangkata esuk mau aku ora telad kaya ngene iki. Aku mau nggawaa payung, klambiku ora kebes

Sanajan: udana deres ta, aku kudu mangkat. Sangua akeh ya tetep ora cukup

Pangarep-arep: sikilku ndang maria, aku bisa melu bal-balan. Bapak kondura, aku bisa matur bab iki

Mokal: kowe maneh diwenehana, aku wae sing cedhak ora mambu. Narti maneh lulusa, wahyuni sing pinter wae ora bisa

Parikan: unen-unen rong gatra

Pathokan parikan: cacahe wanda ukara kapisan padha karo ukara kapindho, ukara kapisan ukara bebuka, ukara kapindho isine, tibane swara kapisan kudu padha karo ukara kapindho, bisa kadadeyan saka 2 gatra utawa  gatra.

Wangsalan: tetembungan utawa unen-unen sing saemper cangkriman nanging batangane wis dikandhakake ing ukara candhake.

Pandhapuking ukara:
  1. Wangsalan lamba: mrica kecut, aja waton muni (mrica kecut=wuni). Njangan gori, nganthi judheg nggonku ngrasakake (njangan gori=gudheg). Kukus gantung, sawangen ayuku iki (kukus gantung=sawang)
  2. Wangsalan rangkep: ancur kaca, peksi langking mangsa sawa. Rasaksa, yen lagi nandhang dhukita (ancur kaca=rasa, pekis langking=dhandhang); bayem arda, ardane ngrasuk busana. Mari anteng, besuse saya ketara (bayem arda=lateng, ngrasuk busana=besus); tampar aren, aren arab wijilira. Tindak-tanduk nora ninggal tata karma (tampar aren=duk, aren arab=kuma)
  3. Wangsalan padinan: wangsalan sing prasaja ora disebutake batangane jalaran wong dianggep ngerti jawabane. Mbok aja ngrokok cendhak ta Mas! (tegese= neges-neges); anggone ndeleng nganti ngembang duren (tegese=dlongop)
  4. Wangsalan edipeni: wangsalan sing mawa purwakanthi guru basa. Tepi wastra, wastra kang tumrap mustaka (kemadha, iket); para mudha, nggegulanga ngiket basa
  5. Wangsalan memet: wangsalan anggone nggoleki batangane ambal kaping pindho lagi mengerteni karepe