- Tegese Parikan
Parikan yaiku unen – unen kang dumadi saka rong ukara. Ukara
sepisanan kanggo narik kawigaten, lan ukara kapindho minangka isi.
Parikan iku kaya pantun nanging mung rong larik, parikan migunakake purwakanthi guru swara.

Paugeran utawa pathokane parikan
Cacahing wanda kapisan, kudu padha karo ukara kapindho.
Ukara sing ngarep kanggo bebuka dene ukara sabanjure minangka isi, wos.
Tibaning ukara kang kapisan kudu padha karo ukara sing kapindho.
Parikan bisa dumadi saka rong gatra utawa patang gatra.

- Tuladha parikan
Parikan (4
wanda + 4 wanda) x 2
a. Pitik blorok, manak siji. Jare kapok, malah ndadi
b. Wajik klithik, gula Jawa. Luwih becik, sing prasaja.
c. Nyangking ember, kiwa tengen. Lungguh jejer, tamba kangen.
d. Plesir sore, dina ahad. Naksir kowe, kakeyan ragat.
e. Plesir sore, dina minggu. Naksir kowe ora kewetu.

wanda + 6 wanda) x 2
Bisa nggender, ora bisa ndemung. Bisa jejer, ora bisa nembung.
Bisa nggambang, ora bisa nyuling. Bisa nyawang, ora bisa nyandhing.
Manuk emprit, menclok godhong tebu. Dadi murid, sing sregep sinau.

Parikan (3
wanda + 5 wanda) x 2
Bayeme, wis kuning – kuning. Ayeme, yen wis nyandhing.
Timune, diiris – iris. Gumune, ora uwis – uwis.
Sirahe, dianguk - anguk. senenge, yen wis kepethuk.

wanda + 8 wanda) x 2
Klapa sawit, wite dhuwur wohe alit. Isih murid aja seneng keceh dhuwit.
Kembang menur, sinebar den awur – awur. Yen wis makmur, aja lali mring sedulur.
Rujak dhondhong, pantes den wadhahi lodhong. Yen wis condhong, tindakena gotong royong.
Tawon madu, ngisep sari kembang jambu. Aja nesu, yen ditudhuhna luputmu.

Parikan (8
wanda + 8 wanda) x 2
.Gawe cao nangka sabrang, kurang sirup luwih banyu. Aja awatak gumampang, den sengkud nggregut sinau.
Jangan kacang winor kara, kaduk uyah kurang gula. Piwelingku mring pra siswa, aja wedi ing rekasa.
kayu urip ora ngepang, ijo-ijo godhong jati. Uwong urip ora gampang, mula padha ngati-ati

Parikan
padinan
Kece, ora enak. Melu kowe ora kepenak
Ngetan, bali ngulon. Tuwas edan, ora klakon.
Peyek diremet – remet. Ngenyek, aja banget – banget.
Pitik walik, jambu wulung. Dilirik, wadul mring kakung
Pitik walik saba kebon. Ketoke cilik jebul babon.
Manuk emprit nucuk pari, dadi murid bukune keri.

- Tegese Purwakanthi
Purwakanthi utawa aliterasi iku unen-unen utawa ukara
kang runtut basa utawa sastrane. Purwakanthi kang runtut basane jenenge purwakanthi
basa, dene yen ing sastra sinebut purwakanthi sastra. Purwakanthi
bisa awujud ukara lumrah, bisa uga ngamot paribasan, saloka, utawa tembang.
Purwakanthi bisa digolongake dadi telu, yakuwi: Purwakanthi guru swara,
Purwakanthi guru sastra lan Purwakanthi Lumaksita.
Purwakanthi Guru Swara
- Aja dumè menang, banjur tumindak sawenang-wenang
- Ana awan, ana pangan
- Ana dina, ana upa
- Ati karep, bandha cupet
- Bareng wis makmur, lali marang sedulur
- Becik ketitik, ala ketara
- Gelem obah, mesthi mamah
- Inggah inggih, ora kepanggih
- Ijo-ijo godhong kara, bareng bodho lagi rumangsa
- Ireng-ireng kétok untuné, bareng seneng kétok guyuné
- Ora cepet, ora ngliwet
- Thenguk-thenguk, nemu kethuk
- Tuwas sayah, ora paédah
Purwakanthi Guru Sastra
- Aja dhemen memada samèng dumadi
- Bobot, bibit, bèbèt
- Janji jujur, jajahané mesthi makmur
- Sing sapa salah sèlèh
- Sing wèwèh bakal wuwuh
- Sluman slumun slamet
- Tata titi tentrem
Purwakanthi Lumaksita
- Asung bekti, bektiné kawula marang Gusti
- Bayem arda, ardané ngrasuk busana
- Lungguh dhingklik, dhingkliké wong cilik-xilik
- Nandang lara, laraning wong lara lapa
- Pandhu suta, suta madyaning Pandhawa
- Raja putra, putra dalemé Ngastina
- Saking tresna, tresnané mung samudana